Senin, 09 Mei 2016

sekaten

Upacara Sekaten asalipun saking tembung Syahadatain nggih menika acara pengetan ulang taun nabi Muhammad SAW ingkang dipunwontenaken ing saben surya kaping 5 wulan Mulud utawi Rabiul Awal taun Hijriah. Wondene panggenanipun wonten Alun-alun ler Ngayogyakarta. Upacara menika wonten jaman Sultan Hamengkubuwana I, dados satunggaling cara kagem ngaturi masyarakat memeluk agami Islam. 

Wonten dinten sepisan, upacara sekaten menika kawiwitan kala dalu kaliyan kirab para punggawa kraton utawi abdi dalem sesarengan kaliyan kalih set gamelan Jawi ingkang anggadahi asma Kyai Nogowilogo ugi Kyai Gunturmadu. Upacara menika kawiwit saking pendhapo Ponconiti dumugi masjid Agung Alun-alun ler kanthi dikawal dening prajurit Kraton. Gamelan kanthi asma Kyai Nogowilogo badhe pun papakaken wonten sisih ler saking Masjid Agung, sawentara menika gamelan kanthi asma Kyai Gunturmadu badhe anetepi wonten ing Pagongan sisih kidul masjid Agung menika. Gamelan-gamelan menika badhe dipunamengaken saupakara sarengan ngantos kaliyan surya 11 wulan Mulud, salebetipun 7 dinten. Wonten dinten terakhir, kekalih gamelan menika badhe dipunampil kondur mlebet Kraton maleh.
Grebeg Mulud
Artikel bahasa jawa tentang kebudayaan sekaten. Acara puncak pengetan Sekaten menika ketanda kaliyan Grebeg Muludan ingkang dipunwontenaken ing surya kaping 12 (persis teng dinten ulang taun Nabi Muhammad SAW) kawiwitan jam 08.00 ngantos dumugi jam 10.00 WIB. Kaliyan dikawal dening 10 kompi prajurit Kraton ingkang anggadahi asma prajurit Wirabraja, prajurit Dhaheng, prajurit Patangpuluh, prajurit Jagakarya, prajurit Prawiratama, prajurit Nyutra, prajurit ketanggel, prajurit Mantrijero, prajurit Surakarsa, ugi prajurit Bugis.
Setunggal gunungan ingkang pidamel saking uwos ketan, dhaharan, ugi buah-buahan mawi sayur-sayuran badhe dipunbetha saking Kemandungan nglangkungi Sitihinggil ugi Pagelaran temuju masjid Agung. Saksampune, gunungan ingkang nglambangaken kasejahteraan kraton Mataram menika dipunbagekaken dhateng masyarakat ingkang nganggep menawi bahan utawi bagian saking gunungan menika saged maringi berkah kagem piyambakipun sedaya. Bagian gunungan ingkang dianggep sakral menika biasanipun dipunbeta kondur ugi dipuntenem teng sabin kersanipun sabin piyambakipun sedaya dados subur ugi bebas saking samukawis pageblug.

kuliner

                                              Gudheg


udheg punika dhaharan khas saking i Yogyakarta lan , ingkang dipun damel saking gori (nangka ingkang tasih enèm), dipun kekep kaliyan ron jati lan dipun godhog nganggé uyah, moto, kluwek lan bumbu sanèsipun. Dipunbetahaken wekdal ingkang dangu kanggé masak gudheg. Werni coklat biasanipun dipunasilaken saking ron jati ingkang dipunmasak sesarengan. Gudheg dipundhahar nganggé sekul lan dipunsajèkaken nganggé duduh santen kenthel (arèh), ayam kampung, tigan, tahu lan sambel gorèng krècèk.

Wonten werni-werni varian gudheg, ing antawisipun:

Gudheg garing, inggih punika gudheg ingkang dipunsajèkaken nganggé arèh kenthel, langkung kenthel tinimbang santen wonten ing masakan padang.
Gudheg teles, inggih punika gudheg ingkang dipunsajèkaken nganggé arèh èncèr.
Gudheg Sala, inggih punika gudheg ingkang arèhipun warni pethak.
Adatipun ing Jawi Tengah sajawinipun Yogyakarta, ugi nganggé tambahan ron ketéla pohung.



Caranipun nyajèkaken gudheg[sunting | besut sumber]
Gudheg biyasa dipunsajèkaken kaliyan tigan pindhang, témpé bacem, tahu bacem, sambel goreng krècèk ingkang dipundamel saking kulit lembu utawi ugi wonten ingkang dipunsajèkaken kaliyan ayam goreng kalasan[1]. Wadhah kangge nyajèkaken gudheg ugi manéka warna, antawisipun tampah alit saking pring, wadhah kendil utawi piring kados dedhaharan 

Arti Jawa itu??

Jawa iku jeneng salah sawijiné pulo ing Indonésia, jembaré ana 132,000 km², lan pendhudhuké ana 114 yuta jiwa. Pulo iki pulo sing padhet lan kebak dhéwé ing Indonésia. Kapadhetané ana 864 jiwa sa-km². Yèn pulo iki nagara, wus dadi nagara sing padhet nomer loro sadonya.



Pamaréntah Propinsi[sunting | besut sumber]
Pulo Jawa kabagi dadi 6, Pamaréntah Propinsi [Sadurungé Otonomi Laladan jenengé Laladan Tingkat I/Laladan Istimewa ]

Banten
Jakarta**
Jawa Barat (Jawa Kulon)
Jawa Tengah
Jawa Timur (Jawa Wétan)
Yogyakarta*
Pamaréntah Kabupatèn/Kota[sunting | besut sumber]
Saben propinsi ing Jawa mau banjur kabagi manèh dadi tlatah sing luwih cilik ya iku kabupatèn lan kutha (sadurungé Otonomi Laladan jenengé Pamaréntah Laladan Tingkat II Kabupatèn utawa Kotamadya).

Padunung[sunting | besut sumber]
Ana 2 suku gedhé ing pulo iki ya iku wong Jawa lan wong Sundha. Wong Jawa umumé manggon ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan Jawa Timur, wong Sundha ing Jawa Barat. Suku gedhé liyané ing pulo Jawa ya iku, wong Madura, wong Baduy, wong Samin lan wong Tengger.

Budhaya[sunting | besut sumber]
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budhaya Jawa

Budhaya sing urip ing pulo Jawa umumé asalé saka budhaya India sing mlebu ing pulo Jawa liwat agama Hindu lan Buddha iku watara taun 400 M, sadurungé iku budhaya sing urip ya iku budhaya/peradhaban primitif. Saliyané saka India, uga ana pengaruh budhaya saka China, Arab lan liyané uga saka agama-agama Islam, Kristen lan agama/kepercayaan primitif kaya Animisme, Kajawèn lan liyané.

Basa[sunting | besut sumber]
Basa Jawa, dituturaké ing mèh sakabèh laladan ing pulo iki. Ing pesisir lor Jawa Wétan, saka Banten, Jakarta, Karawang, Indramayu, Cerbon, tekan Banyuwangi.
Basa Sunda, dituturaké déning kurang luwih 27 yuta jiwa ing tanah Pasundan.
Seni[sunting | besut sumber]
Uga delengen





Geografi
Lokasi Asia Kidul-Wétan
Koordinat 7°30′10″S, 111°15′47″E
Kapuloan Kapulowan Sundha Gedhé
Jembar 126.700 km² (48.919,1 mil²)
Èlevasi paling dhuwur 3.676 meter (12.060 kaki)
Pucuk paling dhuwur Semeru
Negara
Indonésiya
Propinsi Banten,
Daerah Khusus Ibukota Jakarta,
Jawa Kulon,
Jawa Tengah,
Jawa Wétan,
Daerah Istimewa Yogyakarta
Kutha paling gedhé Jakarta
Demografi
Populasi 124 juta (per 2005)
Kapadhetan 979
Kelompok etnik Sundha, Jawa, Tengger, Badui, Osing, Banten, Cirebon, Betawi